Selasa, 27 Januari 2015

Surat tentang liburan dalam bahasa jawa

Diposting oleh Unknown di 17.25
Surabaya, 15 Januari 2015

Ingkang kula kurmati
Simbah


Assalammu’alaikum Wr. Wb.
           Kanthi serat menika ingkang kula ngaturi uninga mbok bilih keadaan kula sakeluargi uga tansah slamet lan ginanjar wilujeng. Mugi-mugi simbah kalihan keluarga wonten ndeso inggih semanten ugi. Amin.

           Kula badhe nyeritaake preian kala wingi menyang Yogyakarta. Sakderengipun kula nyuwun pangapunten dhumateng simbah boten saged ngajak simbah.
Jam 8 bengi kula lan keluarga tindhak dateng terminal badhe nithih bis. Akhire kula lan keluarga entuk bis jam 9. Jam 04.30 esuk kula lan keluarga teko menyang Yogyakarta.
Bis’e mandek ing masjid ngarep’e candi Prambanan, kula lan keluarga langsung sembhayang shubuh lan mangan, sawise sembhayang shubuh kula lan keluarga langsung budhal menyang museum kerucut, ndelok tiruan pahlawan sing memperjuangkan bangsa indonesia.
Sawise nang museum kerucut, kula lan keluarga menyang kolam renang arep adus.Sawise adus kula lan keluarga menyang candi borobudur, ing candi borobudur kula lan kanca-kanca foto bareng. Sawise nang candi borobudur kula lan keluarga nang pasar malioboro arep golek oleh-oleh.
Jam 08.00 bengi kula lan keluarga mangan, sawise mangan jam 08.30 bengi kula lan keluarga mole menyang pandaan. Kula seneng banget, mbah.Mbah, Insyaallah benjing menawi wonten preian malih, kula badhe ngajak simbah.
Cekap semanten mbah serat kawula. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dhumateng simbah. Kula wonten mriki tansah ngati-ati lan Insyaallah saged njagi ngibadah kawula. Salam mawon mbah dhumateng kaluwarga ing ndesa..

Wassalammu’alaikum Wr. Wb.


Nabilah

0 komentar:

Posting Komentar

 

Cerita Puspa Copyright © 2010 Design by Ipietoon Blogger Template Graphic from Enakei | web hosting